Rabu, 10 Agustus 2016

MACAPAT MIJIL MENGKU PITUTUR WIGATI

Share it Please


          
              Tembang Macapat iku kalebu salah sijine kasusastran Jawa kang adiluhung. Akeh piweling lan piwulang luhur kang ana ing sajroning tembang Macapat.
Mulane iku kita kabeh kudu tansah syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa kanthi nglestarekake lan ngrembakakake kasusastran Jawa antarane yaiku tembang Macapat. Ing jaman saiki, akeh generasi enom kang ora mangerteni lan ora bisa babar pisan nembang Macapat. Kamangka ing tembang Macapat iku ngemot piwulang basa rinengga apa dene pitutur luhur kang migunani tumrap uriping bangsa.  Yen ing jaman mbiyen  para sesepuh maringi pitutur marang putra-putrine kanthi nembang Macapat. Basa kang endah lan laras kang kepenak njalari putra-putrine luwih gampang nampa isine pitutur luhur kasebut. Pitutur luhur kang awujud tembang Macapat iku biasane katulis ing sajroning serat-serat kuna kayata Wedhatama, Wulangreh lan Tripama.
            Seni macapat iku ana wis wiwit jaman wali,bab iku  kabukti kaserat ana ing Serat Wulangreh.  Kanggo tuladha  pupuh III Gambuh :Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katutuh pan dadi awon. ( = Ind.” Sekar gambuh pola yang keempat, yang menjadi bahan perbincangan adalah perilaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk” ).
Tuladha liyane  : Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. ( = Ind. “Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh karena itu, berusahalah ajaran yang sejati”).
            Kayadene kang ditindakake dening penulis iki, ora liya kepengin nglestarekake budaya lan seni adiluhung kang ana ing kasusastran Jawa awujud tembang Macapat. Penulis  kepengin banget nguri-uri budaya Jawa,  salah sijine yo macapat iki supaya sing durung kenal dadi kenal lan sing wis kenal dadi nyimpen lan nglestarekake ben ora ilang. Nalika kuliah ing sastra Jawa  UNS aku latihan gawe tembang macapat . Lan asile gawe mongkoging atiku, amarga bisa kanggo motto ing skripsiku rikala taun 1991. Lan tambah sengsem atiku amarga  anakku mbarep uga melu nguri-uri lan nglestarekake budaya Jawa kanthi nutugake pasinaon ing UNS jurusan sastra Jawa. Malah  skripsine anakkku  ing taun 2012 emoh kalah melu  nganggo motto kang padha,  yaiku : Tembang Mijil. Tembang Macapat kaiket ing wewaton utawa aturan. Wewaton tembang macapat yaiku guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra, guru gatra yaiku cacahe gatra / larik saben sapada ( satembang ) lan guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra.Tembang Mijil nduwe titikan : mawa paugeran: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u. Watake prihatin, wedharing rasa. Gunane kanggo medharake rasa prihatin. Sasmitane tembang Mijil iki prihatin, isine pitutur utawa piwulang lan uga pawarta kang migunani tumrap kang maca.
Tembunge kaya ing kene  : Laku lahir lawan laku batin, Yen sampun gumolong, Janma guna utama arane, Dene sampun amengku mengkoni, Kang cinipta dadi, Kang sinedya rawuh.
Tegese = Ind. “perbuatan lahir dan batin, kalau sudah menyatu, manusia utama namanya, bila sudah mempunyai keduanya, yang dibuat akan jadi, yang diharapkan akan datang”.
Katone amung satembang gaweanku iki, ananging gedhe banget pigunane/ paedahe.Aku ora pamer ning apa anane. Nyatane anak-anakku padha bisa nembangake, malah wektu bapakku isih sugeng saben ndina ora lali ura-ura kanthi nembangake iku. Nganti saiki ibuku sing yuswane ngancik 84 taun uga ora nate lali nembangake tembang Mijil iku. Malah saben ngendikani putra wayahe mesthi nganggo tembang iku. Aja goroh, aja nyolong lan aja ngapusi iku ukara pisanan kanggo mbukak pitutur menyang putra wayah. Aja goroh tegese ngapusi awake dhewe. Amarga yen karo awake dhewe wae wis diapusi njur kepiye karo wong liya ? Aja nyolong tegese njupuk barang kang dudu duweke. Amarga sing nduwe bakal nggoleki.  Aja ngapusi tegese ora jujur marang wong liya. Wong yen saben ndina anane mung ora jujur sateruse ora bakal dipercaya dening liyan. Yen wis ora dipercaya dening liyan, sing rugi yo awake dhewe. Yen wis tekan kono banjur ditutugake nganggo tetembangan Mijil kanthi sabar lan tliti siji mbaka siji. Diwiwiti kanthi dhawuh,  tumindaka antarane lair lan batin iku padha. Ora mung lamis wae. Ketoke omongane alus, mlipir, urut ril ning ora ngertia yen batine beda karo sing diomongake. Biasane yen wong sing kaya ngene iki mesthi nduweni pamrih karo sing dijak omongan utawa tembung liyane kena apus krama.   Ora sithik wong kang nemoni kaya mangkene. Nanging , ora usah khawatir karo kahanan kang kaya mangkono iku. Aja banjur melu marang wong kang duwe tumindak nistha, awit lahir lan batin yen wis dadi siji iku bakal dadi manungsa kang utama. Sapa sing ora gelem ? Coba angen-angenen, apa ana bedane wong kang jujur lan ngapusi ? Eling-elingen ukara “ jujur luhur dudu jujur ajur”. Saiki akeh tuladha kang dilakoni dening wong kang duwe niat ora becik. Nyatane, saiki akeh kang duwe hp. Kanthi anane hp iki yo sing marakake wong dadi ra jujur. Aku nate ngerti dhewe ana sakjerone bis kota. Lagi nampa telpun,  njur ngandhani menawa lagi rapat lan aja diganggu. Kamangka sing na njero bis iku wong 5 klebu aku sing ra ditepungi lan kondhektur saksopire. Apa karepe ? Aku dhewe yo ra ngerti.   Nanging ukara kang diucapake iku wis diarani ora cocog karo batine utawa wis diarani ngapusi. 
 Umpama dheweke iku wis ngerti tutuge tembang Mijil mau, aku percaya ora bakal tumindak sing ora jujur. Ngertia yen lair lan batin iku padha ateges manungsa kang utama. Nanging isih bisa luwih saka utama yaiku apa wae kang bakal digawe mesthi dadi lan apa wae kang dipengini mesthi bakal teka. Sapa kang ora seneng ??? Aku dhewe ora maido lan ora kemresik, amarga yo angel tenan bisa nglakoni tumindak kang kaya mangkono iku, jujur lahir batin, karo sapa wae, kapan wae lan  ana ngendi wae. Tuladha liyane : lagi bab cilik wae, sing nate dak ngerteni saben dinane,  jan-jane yo telat tenan olehe mlebu nyambut gawe nanging nyatane isih bisa alesan maneka warna. Tuladhane : sing jare ban nggembos, sing jare bise telat ( malah nyalahne wong liya ), sing jare anake lara, ana sing kawanen tangine lsp.  Kabeh mau gumantung marang pribadhine dhewe-dhewe. Sing penting ora kleru mangsuli : “margi larenipun sakit “. Apa ora malah nggegirisi ?  Yo muga-muga wae aku dhewe bisa tumindak kang bener lan pener kaya tembang sing daktulis ing ndhuwur iku. Aku kepengin banget tumindak jujur, lan uga ngajari murid padha antarane sing sugih lan sing mlarat. Buktine, nganti saiki sing dak tindakke saben bubar nampa rapot, bocah sing dakwulang kudu mbiji aku kanthi jujur uga. Kritik lan saran ngganggo ukara kang dianggo bocah saben ndinane utawa nganggo bahasa Indonesia kanggone bocah kang isih khawatir basane kleru.. Nganggo jenenge murid lan identitas liyane lan ora kena ngapusi. Kritik lan saran ora bakal nyuda bijine bocah yen umpamane bocah iku mbiji ala marang aku apa maneh banjur dhendham marang bocah. Karepku mbiji ngono kuwi amarga aku ngajari bocah jujur, nglatih ora duwe rasa dhendham marang liyan, tanggungjawab, legawa. Mula, kanthi ati legawa iklhas lahir lan batin,  aku nampa kritik lan saran saka panjenengan kabeh. Apa panjenengan ora kepengin nguri-uri budaya Jawa ? Yen wong Jawa tenan ora bakal  lila yen budaya Jawa ilang , sarujuk mboten ?   

Dening : Dra. Sri Suprapti, 
Guru SMP Negeri 8 Surakarta



Tidak ada komentar:

Posting Komentar